Gapura

7 Alesan Bisane Wong Ngapak Mlebu Kategori “High Quality” Calon Mantu


hqdefault                                                     Mengapak – Nyong yakin ning belahan Indonesia bagian endi bae, mesti ana batirmu sing nduweni logat sing unik terus asik. Logat kiye beda karo logat Suku Jawa neng umumme. Ora ana alus-alusse nekan mampir maring kuping. Akeh sing sering ngembarna karo medok Tegal, padahal beda. Ya kuwelah Ngapak.
7 Alesan Bisane Wong Ngapak Mlebu Kategori “High Quality” Calon Maantu
Logat sing mung diduweni wong sing asli sekang Banyumas, Cilacap, Purbalingga, Banjarnegara, Kebumen, Pemalang, Brebes, Tegal. Dijamin akeh sekang panjenengan sing pas krungu ana wong sing logat apa ngomonge karo logat ngapak mesti ngguyu ngaglak. Nek ora minimal mendelikna mata nyantelna kuping nggo nebak sekang planet endi mahluk kiye.
Eits aja salah.. Neng walik keunikanne, jebulane wong ngapak kiye nduweni kabeh kriteria nggo dadi calon menantu idaman lho. Ora percaya? yuh pada simak alasanne!

1. WONG NGAPAK KUWE WONG SING APA ANANESekang sisi historis karo geografis, wilayah sing dihuni mayoritas penduduk sing logate ngapak adoh sekang kawasan keraton paling gede neng Jawa. Kuwelah sing nyebabna bisane tingkat kealusan berbahasane beda karo Jogja apa Solo. Kuwelah sing nyebabna wong ngapak kuwe kawit sekang nenek moyang adoh sekang intrik kekuasaan. Hal kuwe ngaruh maring sedina-dinane, sing jarang nganggo topeng. Apa sing dirasakna, kuwelah sing diucapna.

Istilaeh Blakasuta. Nekan guyonan sing metu kuwe true coloure. Wong ngapak ora nyaman nganggo topeng. Nganggo sesuatu sing udu nature ne.
Terus nekan keterbukaan kuwe salah siji syarat nggo mbentuk umah tangga sing langgeng, wong ngapak wis nduweni. Sekang lair.

2. WONG NGAPAK NDUWENI SIFAT HUMORISCoba Panjenengan perhatikna nekan panjenengan weruh wong loro karo logat ngapak ngobrol siji karo liyane. Setituk-setitik mesti panjenengan bakale ngrunge canda tawa diantara lorone. Bahkan misale panjenengan ora ngerti bahasane, panjenengan tetep arep bisa ngguyu.

Nekan panjenengan ora percaya, coba search neng youtube karo kata kunci : Curanmor Ngapak. Percayalah, walopun njenengan ora ngerti arti katane, njenengan tetep bisa ngguyu.
Akeh kata-kata panggilan unik sing mung wong ngapak sing ngerti. Kaya Daplun, Gondes, Kucluks.
Wis bisa dipastikna umah tanggamu kelak arep adoh luwih berwarna nekan pasanganmu nduweni logat ngapak.

3. WONG NGAPAK ORA GAMPANG LARA ATI

Nyong, para ngapakers wis biasa karo ledekan gara-gara logate nyong sing pada beda. Ora jarang nekan nyong pada meranto, akeh celetukan :
“Ganteng-Ganteng ko ngapak?”
“Cantik sih, sayang ngapak..”
“Coba dong ngomong lagi pake logat ngapak..”
Awale bae nyong kaget, tapi selanjute nyong justru nikmati. Bisane? Sebab nggawe wong liya ngguyu kuwe ibadah. Ora enak kan nekan nduweni batir sing setitik-titik ngambek? Setitik-titik baper?
Nah, hal kuwe ora bakal terjadi nekan pasangan Panjenengan kuwe wong ngapak.

4. GAMPANG NEMOKNA LAKI-LAKI APA WANITA MANIS SING LOGATE NGAPAKMemang nggo kategori ganteng karo cantik sing maenstrem, nyong esih kalah sekang Bandung, Jakarta, apa Manado. Nekan definisi cantik apa ganteng kuwe irung mancung, awak duwur, karo kulit putih. Sebab sebagian gede wong karo logat ngapak nduweni irung minimalis, duwur ideal, karo kulit sawo mateng.

Namun justru kuwelah sing nggawe kecantikan karo kegantenganne natural. Pas, ora kelewihen.
Nekan panjenengan ngarep wajah pertama sing panjenengan weruh neng esuk-esuk kuwe wajah sing nentramna walau ora nggo polesan make up, nggolet lah pasangan sing ngapak.

5. WONG NGAPAK KUWE TIPE SING SETIAApa perbedaan mendasar sekang logat ngapak karo Jawa sing liyane. Ya, tentu bae penyebutan huruf vokal “a” karo “o”.

“Opo” neng Solo, dadi “Apa” neng Purwokerto.
“Ojo” neng Jogja, dadi “Aja” neng Cilacap.
“Sopo” neng Semarang, dadi “Sapa” neng Purbalingga.
Menurut sejarah, hal kiye dimulai pas kerajaan Mataram memperbaharui ngganti vokal “a” dadi “o”, wong karo logat ngapak milih setia nggunakna “a”. Kesetiaan sing dicekel teguh sampe anak cucu.
Dadi nekan logat aja dipertahanna karo begitu setia, apa maning pasanganne?

6. WONG NGAPAK KUWE KREATIFHal kiye wis ora perlu domong maning. Pas para ahli bahasa debat tentang kosa kata Bahasa Indonesia sing kalah lengkap karo Bahasa Inggris, Bahasa Ngapak mbalikna persepsi kuwe. Akeh nemen  kosa kata neng bahasa ngapak sing ora ditemukna artine neng Bahasa Indonesia apa maning Inggris!

Keragaman berbahasa pasti lair sekang sebuah kreatifitas sing ora bisa diremehna. Pengin bukti? Silahkan nggolet padanan kata sing pas nggo kata-kata kiye : Nylekamin, Cempulek, Mblekataket, Kemlinthi.
Ora bakal ana hubungan sing mbosanna, pas pasanganmu nduweni kreatifitas sing duwur. Terus saiki panjenengan wis ngerti ning endi nemukna species-species kreatif nggo panjenengan kenalna maring wong tuamu.

7. WONG NGAPAK NDUWENI KEWANIAN NENG NDUWUR RATA-RATANekan panjenengan emut, salah siji slogan kampanye gubernur Jawa Tengah sedurunge Pak Ganjar Pranowo, kuwe Pak Bibit Waluyo kuwe,

Bali ndesa, Bangun Desa (Pulang ke Desa dan Membangun Desa)
Mengapa wong karo logat ngapak ana ning ngendi-ngendi, hal kiye njelasna sekabehane. Wong ngapak memang terkenal wani neng merantau. Deweke ngubek-ngubek ujung dunia, karo penuh kewanian nantang resiko. Lunga merantau ora kepastian karo sanak saudara be wani, apa maning mung lunga njaluk maring wong tuamu?
Dadi, kuwelah pitu alesan bisane wong ngapak mlebu kategori High Quality Calon Mantu. Ora percaya? Percaya ya sukur, ora ya gondrong. 

No comments:

Post a Comment

( GAPURA ) ONE FOR ALL, ALL FOR ONE

GABUNGAN PURNA STM/SMK YPT PURBALINGGA Sedikit berkeliling dan menoleh ke sekitar komunitas, kata-kata ini sering dimaknai dengan kekel...